Deprecated: Assigning the return value of new by reference is deprecated in /home/goenmhd/public_html/wp-settings.php on line 520

Deprecated: Assigning the return value of new by reference is deprecated in /home/goenmhd/public_html/wp-settings.php on line 535

Deprecated: Assigning the return value of new by reference is deprecated in /home/goenmhd/public_html/wp-settings.php on line 542

Deprecated: Assigning the return value of new by reference is deprecated in /home/goenmhd/public_html/wp-settings.php on line 578

Deprecated: Function set_magic_quotes_runtime() is deprecated in /home/goenmhd/public_html/wp-settings.php on line 18

Warning: Cannot modify header information - headers already sent by (output started at /home/goenmhd/public_html/wp-settings.php:520) in /home/goenmhd/public_html/wp-content/plugins/wassup/wassup.php on line 1434
Bebuka Kanggo Novel “Wong Njaba” « Goenawan Mohamad


Esei • Kamis, 2 Desember 2010 @ 02:11 diunggah oleh zen

Bebuka Kanggo Novel “Wong Njaba”

Pengantar: Saya diminta Henri Chambert-Loir untuk menulis pengantar novel Albert Camus “l’Etranger” yang diterjemahkan ke dalam bahasa Jawa jadi “Wong Njaba”. Saya belum yakin bahwa judul itu menarik, tapi itu soal lain. Yang bagi saya “menarik” (dan menantang) ialah harus menulis satu esei tentang pemikiran seorang Prancis dalam bahasa Jawa. Ternyata sulit sekali. Lebih sulit ketimbang menuilis tembang dan teks wayang. Silakan baca dan dikoreksi.

Albert Camus kuwi sakwijining pujangga Prancis sing linuwih ing sastra anggitan lan gagasan. Apik ing perkara ngroncé basa, limpad ing nglimbang budi lan pangerti. Mula mèh kabèh tulisané amot pamikir sing bisa kanggo nggagas perkaraning kauripan lan uga dadi sangu wawasan kanggo sapa baé sing dhemen nyatitèni tekdiring titah, lelakoning dumadi.

Sapandulon, Camus mau nduwè panyurasa lan gagasan sing surem bab jangka lan jangkahé menungsa. Kanggoné Camus, sipaté urip kuwi satata, ora langgeng, mobah-mosik tanpa panuju. Menungsa mesthi mati, ora ngerti apa sakjané sing dikarepké sing gawé urip — apa manèh ora bisa dipesthèkke yèn “gusti sing murbèng dumadi” kuwi sakjatiné ana.

Kahanan mau sing dijenengeni “absurditas”. Sing dadi masalah, apa absurditas kuwi patut dadi wewaton kanggo nulak apa-apa sing ana ing alam donya. “Ana pitakonan siji sing pancèn wigati ing tlatah filsafat, yakuwi nglayu. Naker uriping manungsa, apa pancèn ambejaji dilakoni, kuwi prasasat njawab pitakonan sing paling dhasar.” Mengkono kuwi pambukaning buku Le Myth de Sisyphe (Caritaning Sisifus) sing diterbitké ing taun 1943.

Dongèng mau dicuplik saka mitologi Yunani, nyritakké sakwijning wong sekti, setengah déwa, Sisifus jenengé, sing nandhang pepancasaning para déwa. Sisifus dipidana kudu ngangkut watu gedhé siji, digéndhong ing gegeré, munggah gunung dhuwur nganti pencit. Nanging sak tekané ing pucuk, watu mau bakal dipesthèkké ngglindhing mengisor manèh. Sisifus kudu mèlu mudhun. Watu mau kudu dijupuk manèh lan disunggi. Sisifus ya kudu mbalèni napak menggèh-menggèh menyang puncak. Mengkono kuwi saklawasé. Ora bakal cuthel, ora ana pamungkas.

Kanggoné Camus, crita Sisifus mau cocog dadi pepindhané uriping manungsa, sing ngambah dalané sejarah, ora tau nemu lan ora naté pikolèh sing dadi gegayuhan. Masyarakat sosialis sing digadhang-gadhang, uga masyarakat kapitalistis sing direksa disubya-subya, jebul dudu pamungkasé sejarah; tegesé, ora bisa nggawé kabagyan sing wutuh lan sayekti. Manungsa ngudi kasumpurnanan, nanging tansah tangèh sing dicandhak. Sing jenengé “tata tentrem subur karta raharja” kaya sing dicandra para dhalang pakeliran kuwi ora tau ana lan ora bakal ana.

Éwa semono, urip kuwi tetep sakwijining lelakon sing pantes diaji-aji. Ing wekasané, “kita bisa nganggep yèn Sisifus saktemené bungah”. Mengkono kuwi sing diwedharké Camus. Wong sing dipidana iki suwé-suwé kaya manunggal karo watu sing dadi sesanggan ing gegeré. Momotan mau mbanjur kasikep rengked, anteb, kaya rumesep ing sarira. Ya mengkono kuwi olèhé Sisifus bisa teguh nglabuhi nasib sing wis pinesthi. Ora gelem ngrepa; persasat wani nantang rancangan lan karsaning para déwa.

Nalika njlèntrèhake yèn manungsa bisa lan mesthi pengkuh ngandhemi absurditas mengkono mau, Camus sajak neruské tetembungan sing dikumandangké déning Nietzsche, sakwijining filosof saka Jerman jaman satus taun sakdurungé, yakuwi Amor Fati (“Anresnani Pesthi”). Aku, manungsa, “nyendikani” kaniscayaning uripku, kaya nampa bebungah; urip kuwi prayogané ditampa kanti pangargyan lan pangayubagya, senadyan sawektu-wektu kesiku laralapa. Mula aku, manungsa, ora bakal mangu-mangu nggonku brangta, dhemen remen, marang sumiliring samirama, soroting surya sing anget, biruning ombak segara, aruming kembang, nikmating katresnan. Manungsa kudu wani ngrengkuh yèn “urip” kuwi ya uriping raga lan indriya, dudu dhapukan saka sukma.

Nanging netepaké kaantepan sing koyo mengkono mau bisa dadi ora becik, kayadéné ngukuhi wawasané wong sing kendel nanging angkuh, ora preduli marang lara lan pati. Ugo lara lan patiné liyan. Novel sing diterjemahké dadi Wong Njaba iki basa Prancisé l’étranger. Tembung iki nduwé tapsir werna-werna: “wong njaba”, “wong ngamanca”, “sing tan wanuhi”, utawa “sing ora gathuk”. Meursault, sing dadi lakon, kuwi sakwijining wong Prancis sing lair lan urip ing Algiers. Pakartiné kaya wong sing téga ati lan tegelan, ora nduwé rasa pangrasa. Ibuné tilar ndonya, nanging Meursault ora kétok sedhih lan kélangan. Kacarita, nalika lagi ngaso seneng-seneng ing pasisir, dhèwèké kelibet ing sesatron. Senadyan ora pati kepeksa, Meursault ndudut pistulé lan némbak, matèni sakwijining wong Arab sing kétok nggawa lading arep ngancam awaké. Ora cukup samono, dhèwèké malah mistul mayité wong Arab mau ping papat. Meursault banjur dicekel lan diadili. Pepati mau dianggep laku sing ora nduwé dhedhasar sing mitayani.

Uripé Meursault pancèn kaya urip sing tanpa dhasar apa-apa, paribasan mung madeg saka polah wadhag, prasasat tanpa pamikir, suwung ing welas asih. Kanggoné Meursault, sing utama kira-kira ya krentegé ati ing jroning urip sing sak klébat. Ana tembung sing dinggo Camus nalika Meursault ngudhar rasa sakdurungé nglakoni ukuman mati: le tendre indifférence du monde. Kira-kira kaya mengkéné pangujaré: Aku urip ing alam ndonya, nanging sakubengku ora tak gatèkké, mung tak sawang tak rungokké lamat-lamat, marga sakjatiné aku ya ora patiya perduli.

Para maos bakal ngerti yèn Camus ora nduwé kekarepan nganggit crita sing bisa dadi piwulang bab becik lan ala; novel mau dudu wacan sing kebak tuladha kanggo budi pekerti. Yèn ana sing bisa dianggep dadi wosing buku mau ya ora bakal adoh saka pangertèn absurditas lan Amor Fati: Meursault kuwi pindha protès marang “gugon tuhon” bab swarga, neraka, lan uger-uger masarakat sing didhapuk saka “gugon tuhon” mau. Wong iki ora nduwé ilusi, ora mempan dibujuk keyakinan yèn bakal ana kauripan sakwisé mati. Kanggoné Meursault, kabèh mau mung dongèng.

Nanging sing durung cetha dirembug ing Wong Njaba, rumangsaku, yakuwi: apa kaantepan sing dadi surasané crita iki mung pantes kanggo wong kaya Meursault, tegesé wong ijèn sing uripé tanpa mikir kahanané liyan, urip sing ora digéndholi bebrayan, mula bisa tatag nggoné mapag absurditas, getasing dumadi.

Pitakonan mau kawangsulan ing novel anggitané Camus sing uga misuwur, La Peste, (Pageblug), terbitan taun 1947. Sing dadi lakon ing kéné sakwijining dokter, Rieux jenengé. Dokter Rieux mau manteb tekadé arep rebut menang nglawan pageblug sing nrabas kutha Oran, wabah sing dadi jalaran patiné wong akèh. Dokter iki ya nylenèh ya ngédab-édabi, marga dhèwèké klebu wong sing ora percaya marang Gusti Allah, apa manèh ngandel piwulanging agama. Rieux awèh pitulungan marang liyan ora marga manut uger-ugeré masarakat, ora jalaran percaya yèn bakal munggah swarga. Cekaké, wong iki gelem mbéngkas karya tanpa ngentèni pangalembana. Dhèwèké uga ngerti, yèn sirnané pageblug mau ora bakal ajeg saklawasé; manungsa bakal nemahi rubéda manèh ing jaman ngarep. Nanging Dokter Rieux sedya nandhang pepesthèn, kaya Sisifus, paribasan mbaléla marang kaniscayaning sejarah, nantang karepé sing nitahké urip. Nanging béda karo Sisifus, dhèwèké dudu wong sekti tanpa bala, ora milih dadi satriya utama ontang-anting. Dhèwèké tumandang bareng karo kanca-kancané, ngilangi rekasaning liyan, nyuda lelaraning wong liya sing ketiban mala. Dokter Rieux kuwi kayadéné piweling, yèn manungsa iku dudu titah solitèr, sing mung mlaku dhéwé-dhéwé, nanging titah solidhèr, sing tandhang karo sepadha-padha.

Mula ing sakjroning buku sing njarwakké pengertèn lan pilsapaté Camus bab sejarah, l’Homme Revolté (“Manungsa Ambaléla”), ana unèn-unèn sing jero maknané: “Aku mbaléla, mula kita kabèh ana bebarengan”, je me revolte, donce nous sommes.

Bookmark and Share

8 Komentar

  1. Koen

    Ananing kita amarga mbalélaning aku?

  2. rahadi sutoyo

    * Gun,aku rada mak jegagik nemu tulisan Jawamu iki. Aku ora nyana yen kowe isih eling basa Jawa.

    ** Wis watara suwe aku sering saba nyang Salihara. Dhek ana Tan Malaka aku ya nonton. Nanging aku wis ora kober nulis resensi maneh.

    *** Maca tulisan Jawamu, aku dadi kepengin ngingu suratkabar basa Jawa kaya Kumandhang (mbiyen angon karo Susilomurti).

    **** Mas Narto Pr wis sepuh, ning tetep enerjik. Salam saka kanca-kanca Sanggarbambu kanggo sliramu.

  3. ken arok

    haha, lucu om.

  4. Bambang Respati

    bukan main mas goen ini, bisa nulis dalam bahasa jawa, saya orang jawa, tetapi terus terang pening baca tulisan diatas … ^_^

  5. sukatna panca m

    Banget-banget kurmatku marang Om Goen, nulis nganggo basa Jawa kanthi tata, titis lan tatas. Nanging ora mokal, pancen Om Goen dawa anggitan nek bab ngrakit basa. Sukses Om Goen

  6. samani

    seperti mantra
    KEREN

  7. wakhit

    Duh Gusti, suwun sanget mas Gun…. maos seratene njenengan mung ngraos kangen ke mawon…. kangen kaliyan punopo, inggih kados dene absurditas hehehe….

    Sepindah malih matur sembah nuwun…

    Wakhit

  8. Winaryo.Sls

    Pancen hebat Panjenengan niku Pak Goen…jan tenan…

Beri Komentar